.quickedit{ display:none; }

Salju

Minggu, 23 November 2014

Ukara Sambawa



Ukara sambawa bisa ditegesi ukara kang medharake rasa muga muga,saupama lan senajan. Kajaba bisa katitik saka lagu ucapane uga diwujudi sarana panambang kaya dene ukara pakon/hagnya.

Tuladha:                                        
Udana kawit esuk , aku malah ora sida budhal menyang Surabaya. (Umpama)
Udana kae aku kudu budhal saiki amarga wis dienteni wong akeh. (Senajan)

Ukara-ukara sambawa racake migunakake tembung-tembung sing diwuwuhi imbuhan: a, dak-a, kok-a, dak-ana, kok-ana, lan di-ana.

Tuladha:
1.    Panasa ta klambiku ben ndang garing.
2.    Udana ya pariku ben urip
3.    Duwea sangu aku wingi tekan Bali.
4.    Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.
5.    Diwenehana klambi apik ya ora tau dianggo.

Tegese Ukara Sambawa:
a. Senajan

Tuladha:
a.    Awana kae ora ana wong liwat babar pisan, aku ya ora wani.
b.    Bagusa kae yen ala aten-atene, ya tetep ora becik.
c.     Muraha kae aku ora duwe dhuwit ya ora tuku.

b.  Saupama

     Tuladha:
a.    Budhala esuk aku mau ora kepancal sepur.
b.    kokakonana luputmu, kowe  mau ora nganti didukani.
c.     Dikancanana aku mau sida budhal saiki.

c. Muga-Muga

Tuladha:
a.    Diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine.
b.    Mundhuta jajan ya ibuku mengko, jalaran wetengku krasa luwe.
c.     Digawakna jeruk sing legi, kena kanggo tamba ngelak.


6 komentar:

  1. backgroundnya kurang suka , mencolok banget warnanya bikin sakit mata -_-

    BalasHapus
  2. penelelitian menunjukan bahwa warna merah pada back ground mengakibatkan sakit mata dan mengakibatkkan pembaca enggan membaca

    BalasHapus

i
n
i
s
i
d
u
m
a
k
s
k
e
t
n
a
k
k
u
s
a
M